Bahas jawa Kelima


(Bab 7 kelas 12)



Budaya Wewaler



          Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku. 


Gugon Tuhon

1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wing sing dadi mangsane Bathara kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala. 
Sing kalebu bocah sukreta yaiku :

2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora iloksing sejatine ngemu teges ora becik.

3. Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake.
   Budaya jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngundhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kulawarga lan kadonyan. 

Pituduh
   
   Munggahe bebrayan jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing ngisor iki. 

1. Pituduh magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa
2. Pituduh kang magepokan karo rohani
3. Pituduh magepokan karo kamanungsan
4. Pituduh kang magepokan karo kabangsan
5. Pituduh kang magepokan karo kulawarga 
6. Pituduh kang magepokan karo kadonyan

Wewaler

   Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki. 
  • 1. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Maha Murbeng Urip
  • 2. Wewaler kang magepokan karo rohani
  • 3. Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
  • 4. Wewaler kang magepokan karo kabangsan
  • 5. Wewaler kang magepokan karo kulawarga
  • 6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan



Sumber : "Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA"

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer