Bahasa Jawa kedua

Srawung Karo Sasama 






      Serat Wedhatama iku anggitane Kangjeng  Gusti Pengeran Adipati Arya(KGPAA)Mangkunegara IV.Tembung`serat`tegese tulisan/karya,`wedha`tegese wulangan/tuntunan,dene `tama`duwe teges utawa/kautaman.Dadi,wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca.Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur,Sinom,Pocung,Gambuh,lan Kananthi.

 A.Maca lan nanggapi teks serat Wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra,guru lagu,lan guru wilangan



  <Pangkur>


Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining
Ilmu luhung,
Kang tumrap ing tanah jawa,
Agama ageming



  • Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada(bait).Sapada tembang Pangkur kiwa iki kawiwitan saka tembung'mingkar'tekan tembung'aji'
  • Guru gatra,yaiku wewaton cacahe larik saben sapada.Guru gatrane saben papada tembang Pangkur ana 7
  • Guru lagu,yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra.Guru lagune tembang Pangkur,yaiku a,i,u,a,u,a,i
  • Guru wilangan,yaiku wewaton cacahe wanda(suku kata)saben sagatra(larik).Dadi,guru wilangane tembang Pangkur,yaiku 8,11,8,7,12,8,8
  • Supaya gampang dieling-eling,guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur,biasane ditulis:8a,11i,8u,7a,12u,8a,8i
B.Nemokake tuntunan ing serat Wedhatama pupuh Pangkur lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

C.Mbedhah parangane serat Wedhatama pupuh Pangkur

      Kaya kang diandharake ing ndhuwur,tembang Pangkur iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe pitung gatra.Gatra sepisan,gatra kapindho,lan sapiturute kabeh ana aturane.Yen ora cocog karo salah siji wae saka aturan iku,tegese dudu tembang Pangkur.

D.Nulis cakepan tembang Pangkur

     Nulis tembang macapat,klebu tembang Pangkur iku kudu manut aturan kang gumathok.Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing ndhuwur,yaiku guru gatra,guru lagu,guru wilangan.Supaya bisa nulis cakepan tembang macapat(Pangkur),wiwitan kanthi gawe ukura bebas!Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra,guru lagu,guru wilangan.Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge utawa ngowahe papane tembung.Cara-cara iku kayata:purwakanthi swara,purwakanthi sastra,yogyaswara,baliswara,dasanama,tembung saroja,lan sapanunggale.


Sumber:"Gegaran nyinau bahasa jawa kelas 10 sma/smk/ma"

Komentar

Posting Komentar