Bahasa jawa keempat
Geguritan iku puisi jawa gegrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu.Cacahe larik,cacahe wanda,cacahe pada,tembung-tembung kang dipilih ,lan surasane kabeh merdika utawa bebas.Gumantung net atine kang nggurit.Ana kang nganggo lelewane basa(gaya bahasa)tinamtu,uga ana kang biasa biasa wae.
A.Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane.
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
- Maca kanthi premati,yen prelu dibolan-baleni.
- Nggatekake ubungane larik siji lan sijine,banjur menehi tandha ngaso(/)utawa sigeg(//).
- Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh.Bisa tegese lugu,entar,utawa lambang.
- Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
- Tambahana tembung utawa wanda saengga ukurane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
Apa Bedane
(dening:Sudi Yatmono)
Apa bedane prosa karo puisi
Bedane ana ati
Apa bedane ati karo gori
Bedane mung prakara bumbune
Bedane apa bumbune karo sing di bumboni
Bedane rak mung ana ing wadhah
Apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
Kuwi rak mung akal pokal gaweane menungsa
Lha apa bedane menungsa karo kewan
Ah iku urusane pangeran
(Mbangun Tuwuh.angka 138)
B.Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah,rasa sedih,nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.
C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan,perlu kogatekake bab bab kaya mangkene.
a. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru Gatra,guru wilangan,guru lagu lan sapanunggale.
b. Ngutamakake isi kang mentes,apik, endah lan becik.
c. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara , saroja , entar, lan sapanunggale).
d. Isine bisa pitutur, piweling , kritik , protes , nyindir , nggresah , pamundhut , lan sapanunggale.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK
Mantab mantab
BalasHapus👍👍👍
BalasHapus👍👍
BalasHapus👍
BalasHapus👍👍👍
BalasHapusOk.
BalasHapusSip
nice,,,mantabss
BalasHapus