Wewaler

Wewaler

  • (Tulada wewaler ning desa pegulon)


1.orak ilok ngewehi banjur njaluk bali,mengko gulune godhoken.
(Nalika ngewehi apa bae kudu ikhlas ora kena dijaluk maneh)


2.Ora ilok dolanan beras, mengko tangane kithing.
(Nalare beras iku bahan panganan sing ora becik yen dinggo dolanan, amarga nek nggo dolanan beras iku bisa semrawut lan kotor)

3.Aja nganggo klambi ijo utawa Biru nalika marang pantai.
(Dikhawatiraken nalika ana ombak gede lan wonge keseret ombak, Tim SAR bakal angel nulungine, sebab klambine meh pada karo warna laut.)

4.Ora ilok maem nganggo tutup piring
(Tutup piring iku digawe udu kanggo maem, wewaler iki digawe supaya wong bisa nganggo barang pas karo fungsine)

5.Aja ngetoki kuku wengi-wengi.
(Maksude supaya tangane ora tatu, amarga jaman mbiyen durung ana listrik, dadi nalika wengi iku peteng.)

6.Aja metu sanding kala, mbokan diculik wewegombel.
(Wewaler iki digawe supaya bocah-bocah cilik ora metu ngumah nalika sanding kala utawa maghrib, amarga wektune ibadah lan ngaso.)

7.Aja ngidoni sumur, mengko suwing lambene.
(Menawa sumur kena idu, banyu sak jrone sumur bakale reged kabeh lan ora sehat, apa maneh yen duwe lelara nular)

8.Aja mangan karo ngadeng, mbokan wetenge dawa.
(Nalare mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik lan sopan.)

9.Aja njagongi bantal,mengko ndak udune.
(Menawa lungguh nang bantal ora apik, amarga bantal iku sing bener kanggo mustaka)

10.Aja kramas mbengi-mbeng,gampang sawanen
(Orak apik kanggo kesehatan)

Komentar

Postingan Populer